Lika-liku Salah Mlaku

Lingkaran Solidaritas
Jurnal Lingkaran Solidaritas
2 min readFeb 5, 2018

Sigit Achmad

Tolek tembel ban nak srikana

Warna kali ne ijo akeh limbah

Keterimo dadi mahasiswa atiku seneng gembira

Nak suroboyo kampus airlangga

Dharmawangsa akeh panggon cangkruk’an

Onok kopi, sate cecek, sego lan gorengan

Muter dharmawangsa, mojo, srikana, jojoran

Gak nemu-nemu idek lan murah panggon kos kos an

Nang pasar pucang tuku tempe

Ojok lali isi ulang banyu galon e

Melu tes kono kone, ospek, manut syarat sak kabeh e

Ndelalah durung bayar kos wes entek duwik sangune

Tuku batagor gak atek pare

Ngarep e halte panggon dodol e

Kuliah kalah bensin riwa riwi kampus b kampus c

Alkamdulilah cewek unair ayu ayu rupane

Persebaya bonek jeneng sporter e

Warna ijo simbol klambine

Melbu kuliah akeh tugas e

Melu seminar melu pkm gawe syarat lulus jarene

Sore sore mulih kuliah weteng luwe

Mampir bu mega mangan penyetan enak rasane

Saiki bapak emak ngeriwik biaya kuliah tambah gedhe

Bayar kuliah larang awak loroh kabeh

Kebab enak rasane

Ngarepe minimarket panggon dodolane

Bapak buruh pabrik endi cukup bayar kuliah anak e

Sertipikat omah akhire digadekke

Bengi-bengi kepingin tuku ketan

Nemu sing dodol nak dharmawangsa wetan dalan

Sing wisuda atus an mahasiswa melbu anyar ewonan

Gaji satpan klining serpis pancet pas pasan

Belajar kritis mergo sing diajarno iku-iku ae

Nilai elek sing disalahno mahasiswae

akeh kegiatan debat gak ketemu perubahane

darman dodolan jajan dolek duwek gawe nyambung urip e

foto kopy pink nak mburine perpustakaan

tokone tutup jam 10an

lenek ilmu gawe mbijuk’i lan gawe gaya gaya an

mending ayo dibubarno ae perkuliahan

lanek pendidikan digawe dodolan

kabeh masyarakat moso iso pinter lan sadar

lanek wong intelektual mbidek gak peduli malah ngurusi proyekan

yowes ngene iki Indonesia gak mari-mari gegeran

Bekupon omah e doro!

Melbu kuliah tambah soroh!

Tuku penyetan sing pedes sambele!

Ayo dilawan ojo mbidek wae!

--

--